KETAWANG PANJANG ILANG ( Kidung Pamujan )
1. Sun miwiti sembahyangan 4. Puspa dupa lawan tirta
Manembah padha Hyang Agung Kumelun angambar arum
Ngudi mring luhuring Atma Katur Paduka Narendra
Luputa ing cakrabhawa Kang lenggah ing Padmasana
Pikir wening (2x) Miring mala-miring mala
Ing pandulu Angrumuyut
Nutupi hawa sasanga Hulun sami ngaras padha
Pesuten hawa lan napsu Aparing cahya rahayu
2. Gitaningtyas srumangraras 5. Paduka Kang Siniwaka
Manembah padha Hyang Agung Reratuning Sarwa Agung
Pamberat sagung panandhang Kang anyipta jagad raya
Pindha pepajaring surya Ngayomi sagung sujalma
Sruning Bratha (2x) Pangleburing (2x)
Kasut kayun Sarwa sagung
Mugi sihing Padukendra Hulun sampun ngaras padha
Paran margining katemu Paringa tentrem ing kalbu
3. Pan wus prapta padukendra 6. Mring Paduka Srinarendra
Angayap Jawata Agung Sagung Jawata sumuyut
Sayuk Hapsara Hapsari Paduka purba wasesa
Mring sagunging Pitri Pitra Sakalir sagung dumados
Angayap mring (2x) Angganjarkang (2x)
Kang Mahagung Wajib ngundhuh
Hulun sampun ngaras padha Dhuh Sang Adiling Bhawana
Anyandhang cahya rahayu Paringa cahya rahayu
LELAGON OJO LAMIS
1. Ayo pro kadang asung panuwus 3. Hyang Maha Kwasa ananehamung
Mring Hyang Maha Widhi Paring Pangaksami
Tansah peparing rahayu sami Ayo memuji supaya tansah
Pro kadang sedaya Tentrem lan basuki
2. Kanti weninging pikir kang suci
Sarta tingkah laku 4. Akeh sing pada nindhakna Dharma
Pangucap suci ulat suminar Uripe rahayu
Tansah gawe suka Dadi tuladha mring kita sami
Jroning do makarti
ASMARADHANA
1. Sun miwiti amemuji 3. Samangkya hamba udhani
Anyebut asmaning Atma Mring Tattwa Jatining Atma
Wit iku yekti jatine Tan Beda Lan Sang Hyang Manon
Ingkang wajib den pepuja Jro gesang sumampir raga
Lir luhuring asmanira Anyandhang sarwa samsara
Sunare kang Maha Agung Mung Paduka Kang Maha Gung
Reratuning jagad raya Pangruwating papa nistha
2. Paduka Hyang Maha Widhi 4. Tatwa Jatine Sang Urip
Guru seksine bhuwana Yekti sorote Kang Kwasa
Maha weruh tansah angon Ing raga muhung samanggon
Mangkya Hulun Ngaraspadha Raga maujud ing ndonya
Bekti sumungkem Paduka Kanyatane punarbhawa
Duh sepinten sisip hulun Wekasan rusak lan lampus
Mugi paringa aksama Parane bali sangkanya
KETAWANG IBU PERTIWI ( kidung pamujan )
1. Ibu Pertiwi
Paring boga lan sandhang kang murokabi
Peparing rejeki manungsa kang bekti
Bu pertiwi bu pertiwi
Sih sutresna mring sesami
Bu pertiwi kang adil luhuring budhi
Ayo sungkem mring ibu pertiwi
2 . Duh Sang Hyang Widhi
Para putra ngaturaken sembah bekti
Puspa denta sinucekna sembah mami
Om Ang Brahma dipa astra
Tansah ulun sembah- sembah
Mugi paring kasucian marambahi
Tangan kalih miwah waktra suci
3. Hyang Maha Suci
Duh Hyang Atma suksmaning sedaya gesang
Sembah sujud hulun mugi sinucekna
Puspa denta trus sinembah
Tansah paring kasucian
Sembah hamba kunjuk ing Hyang Tuking Padang
Paramjiyote tumeja rekta
4. Hyang Maha Suci
Hyang Baskara lenggah madyeng Padmasana
Ingkang Padang Gumilang Maha Sampurna
Peteng ribet kinasihan
Lebur sirna tanpa sisa
Maha mirah paring sandang bukti mukti
Satuhu Hyang sesembahan hamba
5. Hyang Maha Suci
Puspa denta sinucekna sembah mami
Sembah Bekti kunjuk dateng Maha Suci
Siwa Eka anglimputi
Lenggah Padmasana suci
Satuhu Hyang datan kakung datan putri
sesembahan para sujanmi
6. Hyang Maha Suci
Om Tri Murti Brahma Wisnu ugi Siwa
Ingkang murbawasesani Tri Bhuwana
Sarwa gesang tineguhna
Sesakit sirna sedaya
Peteng ribet susah goda ilang boro
Ugi reridune desa praja
7. Hyang Maha Suci
Puspa denta sinucekna sembah hamba
Manembah Hyang Maha Asih Maha Mirah
Dewa Paring Kanugrahan
Suka begja karaharjan
Maha mirah tansah pinuji- pinuja
Hamba nembah Hyang Anugrahaken
8 Hyang Maha Suci
Dewa Dewi Pangeran Maha Sampurna
Sagung wonten jalaran yadnya Paduka
Bagya mulya panjang yuswa
Nir sambikala trus suka
Muhung saking Hyang Nugraha Asih Mirah
Hyang Murbengrat sinembah pro titah
9. Hyang Maha Suci
Om dipastra sinucekna tangan hamba
Tangan ingkang kiwa tengen sinucekna
Sarta ugi ponang waktra, sinucekno Da Bhatara
Sembah bekti mugi Dewa Suksma
Hyang Datan Kenging Ginantha –Gantha
KINANTI JURU DEMUNG
Risang maha yekti sawusing semedi
Munggwing pancrabaan dangu aningali
Wijiling sasangka saking graning hardi
Karenan tyasira alon angandiko
1. ( Om Swastyastu ) 3. ( Dharma Artha Kama )
Dhuh Gusti Kang Maha Agung Hyang Tunggal ugi sinebut
Pangeraning jagad katri Narayana dedasaring
Acahya suci gumilang Kang tumitah sabuwana
Dhahat ulun puji- puji Ingkang sampun ingkang wingking
Anglunturna sih nugraha 2X Tanpa purwa tan wasana 2X
Sumunaring cahya wening Datan wujud datan lahir
2. ( Brahma Wisnu Siwa ) 4. ( Brama Wisnu Siwa )
Tumandhuking manah hulun Peteteng datan wanaput
Manther amadhangi budi Netra tan wenang umeksi
Dadosa jalaran nira Tuhu Dewa Suci Eka
Rahayu mulya sayekti Narayana datan kalih
Gesang wonten mayapada 2X Datan wonten nimbangana 2X
Dumugi delahan singgih Ingkang wening saged tunggil
5. ( Om Swastyastu ) 7. ( Om Swasti astu )
Paduka ugi senebut Maha Dewa hamba nyuwun
Hyang Siwa Mahadewadi Sih nugraha sih pangaksami
Iswara Parameswara Sagung gesang kabegjakna
Brahma Wisnu Rudra nenggih Luwar saking dosa sisip
Purusa parikirtitah 2x Mugi Sang Hyang Sadasiwa 2x
Asma yutan eka yekti Karsa tansah angayomi
6. ( Om Swastyastu ) 8. ( Om Swastyastu )
Kawula rumaos estu Dosa saking tindhak- tandhuk
Tiyang dosa langkung nistip Pangucap mwang muna – muni
Karma dosa sarwa dosa Dosa salebeting manah
Dosa wiwit duk dumadi Sembrana mwang weya lali
Maha suci asih mirah 2x Gusti ngleburna aksama 2x
Nucekna jiwangga sami Golong turut shanti shanti
M I J I L
1. Wus wancine ayo padha bekti
Bareng myang ing Pura
Ing gegana trang abyor lintange
Titi sunya puspita kasilir
Maruta ris kingis
Sumrik gandanyarum
2 . Dhuh Pukulun Ida Sang Hyang Widhi
Paduka kang yektos
Paring nugraha lan kamulyane
Manusa nira tan kendhat muji
Mugi den ayomi
Ngantos benjangipun
3. Wijil panembahing Pura suci
Den angagem waton
Kudu resik ing lahir batine
Yen cuntaka datan kena manjing
Pan Pura jinagi
Ing kasucenipun
4. Manjing mandhalaning Pura katri
Saking nistha miyos
Kori candi bentar ing wastane
Panca ndriya maksih angwasani
Tinata tumuli
Ngancik madyanipun
5. Aneng madya mandala wus wiwit
Nata lahir batos
Kaudi tumuju ing Gustine
Manjing utama mandhala nuli
Pamikir nyawiji
Nembah Hyang Maha Gung
6. Lenggah majeng Padmasana suci
Sampun amirantos
Jangkep dalah sagung ubarampe
Phala puspa patra tirtha suci
Dupa anyranani
Manunggaling Kayun
7. Pamangkune wus ngadep sesaji
Ubarampe kanggo
Srana manggala upacarane
Saha mantra sabda gentha suci
Kanthi ninging batin
Nggenya nedya nungku
8. Ganda arum mijil king wewangi
Ngebaki angkasa
Sinarengan kang swara mantrane
Miwah swara kidung-kidung suci
Mugya rawuh aglis
Paduka Pukulun
9. Citrane kang Padmasana yeki
Dumadi tigang ros
Pethan penyu lambang ing bumine
Naga lambang pangan sandang nuli
Karang macan esthi
Isining jagad bhur
10. Jagad bhuwah wujud karang peksi
Dening ing swah yektos
Linambangken ing Padmasanane
Mangka palinggihaning HyangWidhi
Sinembah cinandhi
Aneng Pura luhur
MASKUMAMBANG
1.Ana uga pituduh saking Hyang Widhi
Sinerat ing Weda 6. Pangeran katon pro winasis mastani
Aran Catur Guru yekti Labuh labetira
Mara enggal kawruhana Dumunung pakaryan neki
Nuli padha wigatekna
2.Manembah mring Gusti siang klawan ratri
Guru Swadiyaya 7. Yen tan manut tuture wong tuwa ugi
Kawitan kang den pepuji Pan nemu cilaka
Kanti srana Tri Sandiya Ing ndonya tumekeng akir
Tan wurung kasurang- surang
3.Wit Paduka ingkang nyipto jagad katri
Murba pamisesa
Sagung isining dumadi 8. Martani mring anak putu duking wuri
Sinembah sadaya titah Den padha prayitna
Ywa ana kang kumawani
Mring biyung tanapi bapa
4.Sinangguhing Guru Reka kaping duwi
Wong atuwo kita
Tan dyaya lantaran lahir 9. Kaping telu Guru Pengajian yekti
Dumadi neng alam ndonya Punika kang wenang
Mulang muruk ngelmu suci
Kinarya undhaking tama
5.Pramilane bapa biyung
Kinarya jalaran 10. Guru Wisesa kaping papat tumuli
Anane badanireki Pamerentah ika
Kinawruhan padhang hawa Mangreh mranata nagari
Ngayomi sagung kawula
KUTUT MANGGUNG
Sore- Sore pepujian sakancane
1. Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka
Hyang Iswara Kuwasa
Angratoni saisining jagad raya
Dhuh Gusti Pamintamba
Mugi keparinga agung
Pangaksama mring kita sedoyo
Jro nuhoni Dharma anthuka
Marga mulya lan tansah
Winengkuha widada nir sambikala
2. Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka
Maha Brahma Kuwasa
Amangun rat sagung isining buwana
Dhuh Gusti Pamintamba
Mugi tinukulna sagung
Karsa mulyo ing jroning Jiwatma
Jro nuhoni Dharma maujud
Janma tama sarana
Jro makarya memayu hayuning bhawana
SEKAR MEGATRUH (Kagem kidung pamujan)
Om Swastyastu,
1. Sembahing wwang Ida Hyang Widhi Sinuwun
Kang murbeng sarwa dumadi
Pinaka rip buwana gung
Ngawisesa jagad katri
Maka dening manusa ngong
2. Antusaken tingkah mwang ulahing ulun
Mangarcana Sang Hyang Widhi
Muga tan kena tulah letuh
Pinuju dewasa becik
Hanuwur dhuh Sang Hyang Manon
3. Icha Pwasang Hyang Cadhu Sakti Tumurun
Tan yadnya manusa reki
Metu saking manah sadhu
Marupawi dibebali
Phalam puspam toyam mwang ron
4. Umiring wwang Hya Dyatmika sembah hulun
Rijeng panembahan sami
Asap dupa sarwa harum
Nirmala astiti bakti
Pinuju sih karahayon
5. Nuwur tirta amerta suci manulus
Icha duh Hyang Pasupati
Papa naraka kalebur
Klawan sarwa dosa sami
Panjang tuwuh duh ring awon
6. Tirta maring kamandalu muncrat mumbul
Sinirat pamangku sakti
Saha mantra sidhi tuhu
Sarira mwang kertanjali
Tuwuh waken Hyang Pangayom
7. Om dhirgayu subham astu tatstu astu
Sukham purnam sriyam swasti
Awignam astu bhawantu
Tatstu astu sapta wredhi
Om Shanti shanti shanti Om
WIRANGRONG
(Kagem Kidung Dana Punia)
1. Mumpung anom sira kaki
Angudiyo karahayon
Aneng Weda panggonan pinemu
Tumindhak utami 3. Dana bandha kaping siji
Dharma nira kinarya Dana kawruh kaping loro
Karta raharjaning bwana Kang katrinya jiwa lan ragamu
Jer iku sayekti
2. Raharja lahir lan batin Laku Dharma utama
Kabeh mau mawa lakon Ing donya prapteng delahan
Dipun ngarah-rah ywa kalimput
Manembah Hyang Widhi
Yekti manggih raharja
Ngegungna dedananira
AYAK PAMUNGKAS
1. Dhuh Gusti mugi- mugi 2. Dhuh Gusti mugi-mugi
Peparinga sih nugraha Keparenga paring mulya
Dhuh Gusti keparenga Dhuh Gusti linanggengna
Ida Sang Hyang Widhi Wasa Umat Hindu sabhuwana
Sinembah mring titah sagung Wusana wosing pangidung
Kita wajib amemuji Tan ana hamung memuji
Yekti tan ana kang madha Mugi sagung titah samya
Pangayomaning sujanmi Sapuh anem jaler estri
Moksa artha jagadhita Sami karsa manunggal
Daya pangwasaning Gusti Golong yurut santi-santi
SEKAR MEGATRUH (Kagem Pitra yadnya)
1. Datan pegat nembah Gusti anyenyuwun
Rentahing nugraha adi
Tumrap risang suksma luhur
Ingkang nilar ndonya niki
Sowan marang ing Hyang Manon
2. Dhuh- dhuh Gusti Maha Mirah Maha Agung
Mugi paring padang margi
Atma ingkang sampun wangsul
Laju nggenira lumaris
Legawa ing driyo yektos
3. Tumrap warga ingkang sami taksih kantun
Mugi pinaringan eling
Darana ing manah teguh
Kapara anjurung puji
Njurungi Sang Suksma Jatos
4. Dhuh Sang Atma pra santhana sami ngumpul
Amemuji mugi- mugi
Andika tan rangu- rangu
Teteg teguh tekad pasthi
Mboten wang- wang mboten mangro
5. Amemuji sunya nirwana satuhu
Moksantu swargantu mugi
Murchantu lawan samantu
Ksama sampurnaya ugi
Nggayuh shanti shanti ugi
Sekar PANGKUR
(Kagem Kidung Pitutur)
1. Mingkar mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih katarta pakartine ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
2. Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak- ganyak nglelingsemi
3. Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger ngguru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamuning samudana
Sasadoning adu manis
4. Si pengung nora nglegewa
Sang sayarda denira cacariwis
Ngandhar- andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alongka- longkanganipun
Si wasis waskita ngalah
Ngalingi marang si pingging
5. Mangkana ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran balilu
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si pengung anggung gumunggung
Ungungan sadina – dina
Aja mangkana wong urip
6 Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadita guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene meksa kumaki
DHANDHANGGULA
(Kagem Apalan Pawukon)
1. Wasitane sinawung artati 2.Wuku Langkir Mandhasiya yekti
Wewilangan wuku tigang dasa Julungpujut miwah wuku Pahang
Tinata urut lampahe Kuruwelut nuli Mrakeh
Wuku Sinta rumuhun Tambir salajengipun
Landep wukir nuli Kurantil Medhangkungan Maktal tumuli
Tolu Gumbrek Kalawan Wuye manahilira
Warigalitipun Lan Prangbakat iku
Warigagung lajengira Bala wuku nuli Wayang
Julungwangi Sungsang Galungan- Lan Kulawu wuku Dhukut-
tumuli den wastani
Wasta wuku Kuningan Watugunung pungkasan
Sekar DHANDHANGGULA (Kidung Manusa yadnya)
1. Ana kidung akadang premati
Among tuwuh ing kawastanira
Nganakaken saciptane
Kakang kawah puniku
Kang rumeksa ing awak mami
Anekakaken sedya
Pan kuwasanipun
Adi ari-ari ika
Kang mayungi ing laku kuwasaneki
Nganakaken pengarah
2. Ponang getih ing rahina wengi
Angrowangi Kang Maha Kuwasa
Andhadekaken Karsane
Puser kwasanipun
Nguyu- uyu sembawa mami
Nuruti ing paneda
Kuwasanireki
Jangkep kadang ingsun papat
Kalimane pancer wus dadi sawiji
Nunggal sawujud ing wwang
3. Yeku kadhang ingsun kang umijil
Saking margaina sareng samya
Sadhino awor enggone
Sekawan kadhang ingsun
Kang ora umijil saking
Margaina punika
Kumpule lan ingsun
Dadya makdhum sarpin sira
Wewayangan ing dhat reka dadya kanthi
Saparan datan pisah
S I N O M
1. Nuladha laku utama 4. Wikan wengkoning samudra
Tumrape wong tanah Jawa Kaideras wus den ideri
Wong agung ing ngeksi ganda Kinemot kamoting ndriyo
Panembahan Senopati Rinegem sagegem dadi
Kepati amarsudi Dumadya angratoni
Sudane hawa lan napsu Nenggih Kanjeng Ratu Kidul
Pinesu tapa brata Dedel gayuh gegana
Tanapi ing siang ratri Humara marak maripih
Amemangun karyanak Sor prabowo lan wong Agung Tyasing sesami Ngeksi ganda
2. Samangsane pasamuan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala- kalaning asepi
Lelana teki- teki
Nggayuh geyonganing kayun
kayungyun heninging tyas
sanityasa pinrihatin
puguh panggah cegah guling lawan dhahar
3. Saben mendra saking wisma
Lelana leladah sepi
Ngisep sepuhing supeno
Mrih pana pranaweng gati
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudharman
Neng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahyu jatmika
KIDUNG WARGASARI
P a m b u k a :
Purwakaning angriptarum
Ning wana wukir
Kahadang labuh kartiko
Panedenging sari
Angayom tangguli ketur
Angring-ngring jangga mure
1. Ida Ratu saking luhur 3. Bhetaraning saking luhur
Kawula nunas tugrane Ngegana diambarane
Mangda sampun titiang tandruh Pengageme obro murup
Mangayap Bhatara sami Parekan sami mangiring
Titiang ngaturang pejati Widodara Widodari
Canang suci lan daksina Pada padudon dudonan
Sami sampun puput Prabawa kumutug
Pratekaning saji 2x Angliwering Langit 2x
2. Asep menyan majegau
Cendanane nuhur Dewane
Mangda Ida gelis rawuh
Mijil saking luhring langit
Sampun mandab daban sami
Maring giri meru reko
Ancangan sadulur
Sami pada ngiring 2x
SEKAR GAMBUH
1. Den gambuh ing pitutur
Marang kanca rukun sih satuhu
Aja sira ngendelke lamun kinasih
Engeta ing kalanipun
Duk prapta saking dhukuh
2. Lan sembah sungkemipun
Mring Hyang Suksma elinga sliraku
Apan titah sadaya among sadremi
Tan wenang sira andhaku
Kabeh kgungan Hyang Manon
3. Murwane sira sagung
Aneng ndonya ywa kongsi kaugung
Dipun becik mring sesami dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayune lelakon
4. Urip praptane lampus
Sayekti tan kuciwa winuwus
Lahir batin sayekti tan medal sumbi
Iku sujanma pinunjul
Tan kewran tumekaning ndon
5. Bayata wus ginambuh
Para umat denira tumuwuh
De samangkya pan wus ana den arani
Sirna petenging praja gung
Saking Parmane Hyang Manon
6. Amung kari nyeyuwun
Widadanya ngungkuli kang sampun
Ayem tentrem acanthi suka basuki
Makaten pamintanipun
Pra sujanma jroning batos
LUMBUNG DESA
1. Panca Sradha iku kapercayaan lima, prakanca
Kawruhana minangka dasar satuhu, yaiku
Sapisan pracaya anane Hyang Widhi, Kang Suci
Angka laro pracaya anane Atma
2. Karma phala Sradha ingkang angka tiga, prakanca
Papat kang sinebut punarbhawa iku, satuhu
Dene moksa Sradha ingkang angka lima, wusana
Jangkep kapercayan kita Panca Sradha
3. Dene terange kang Panca Sradha iki, sawiji
Panembah kita tumuju Mring Hyang Widhi, amargi
Panjenengane kang kudu kita pundhi, sayekti
Sangkang lan paranira sagung dumadi
4. Anane Atma pinangka badan suksma, ngertia
Iku nyata pletiking Hyang Widhi Wasa, dinadya
Manunggal lan badan wadag kita samya, pramila
Gesang kita dadya titahing Hyang Suksma
5. Sateruse karma phala ping telune, werdine
Kita badhe ngundhuh wohing panggawe, kabehe
Wus mestine nadyan ala lan becike, baline
Ing tembene kang ngrasake kita dhewe
6. Punarbhawa tegese tumitising Atma, ing ndonya
Iku marga lakune durung sampurna, nalika
Uripira katrem ing angkara murka, tan nyipta
Aneng ndonya dadya sangu benjangira
7. Lamun Atma laju manunggal Hyang Suksma, ingkana
Iku nyata ingaranan nggayuh moksa, minulya
Salaminya datan wangsul aneng ndonya, sampurna
Winursita nunggale Gusti kawula
Lancaran SINGO NEBAK
(Kagem kidung Tri Kaya Parisudha)
1. Umat Hindu
Kang eling lawan waspada (Amarga)
Gebyareng kahanan wekasan drawasi
Dharma den lakoni
Yekti tentrem lan basuki
2. Hindhu Dharma
Dasar urip kang sampurna (Wus nyata)
Sradha Tri Kaya Parisudha ywa lali
Kayika wacika
Manacika den ugemi
3. Kadang samya
Paran werdine kayika (Kang mesthi)
Tingkah polah solah bowo kang prayogi
Tresna mring sesami
Uga tansah den upadi
4. Wacikane
Pangucap becik prasojo (Werdine)
Muna muni adhedhasar tatwamasi
Sarta tata krami
Paugeran kang sayekti
5. Pikir Wening
Manacika parisudha ( Yaiku)
Datan anggalih ala marang sesami
Pramayoga becik
Dhemen paring pangaksami
6. Telu mau
Aja nganti dilerwake (Mangkana)
Marsudi kudune bisa kasembadan
Tindhak kang utomo
Manut wewarahing Weda
Ladrang CLONTHANG
1. Gumredheg saiyeg umat Hindu sagung
Tumuju papan manembah Hyang Agung
Resik agemane lan resik atine
Mlaku gliyak- gliyak Purnama wancine
Saiyeg saeka kapti lan mantep sedyane
Manembah Gustine
Dhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga Paduka
Peparinga pangaksama maring dasih agung
Mrabhawani akarya weninging pikir
Pepajar amimbuhi tyas tentrem
Raharja sadarum
2. Wus sirep tyas mantep umat Hindu sagung
Jroning sembahyang manembah Hyang Agung
Manunggal ciptane sumeleh atine
Eling jroning driya mring kodrat Atmane
Saiyeg tyas madep manteb ing karep sedyane
Nyuwun mring Gustine
Dhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga Paduka
Peparinga pangaksama maring Dasih Agung
Mahanani amberat petenging pikir
Pepajar amimbuhi tyas tentrem
Raharjo sadarum
KIDUNG PARIPURNA
Hina saram hina pradham hina mantram tataewaca
Hina bhaktim hina wredhim Sada Siwa Tatastute
Mantram hinam, kriya hinam bakti hinam Maheswara
Tat Pujitham Maha Dewa, paripurnam Tatastume
Om Santhi Shanti Shanti Om
M E G A T R U H
(Pangiring turun tirta)
1.Nuhur tirtha amerta suci manulus
Ica duh Hyang Pasupati
Papo nara kala lebur
Klawan sarwa dosa sami
Panjang tuwuh duh ring awon
2.Tirtha maring kamandalu muncrat mumbul
Sinirat Pemangku suci
Saha mantra siddhi tuhu
Sariran wang kertanjali
Tuwuhaken Hyang Pangayom
3.Om dhirghayu subham astu
Sukham purnam sriyam swasti
Awghnam astu bhawantu
Tattstu astu sapta werdhi
Om Santhi Santhi Santhi Om
SARASWATI
1. Wukunipun Watugunung 5. Apan mangkono kang ngelmu
Wewara nira kang manis Antuk lambange genitri
Wonten hari Saniscara Angaji salwire sastra
Winastan hari Saraswati Awit lahir prapting lalis
Wahyu wahyuning Batara 2x Angal alus wis pinang yo 2x
Wus tumurun Sang Hyang Aji Antuk yotan bisa tapis
2. Ing sanepan wanut yuga 6. Sinawung krapyak kang semu
Inggih makaten kang ngelmi Sayekti langgeng kang ngel
Ingkanh handulu kasmarn Sinipen jroning wardoyo
Ing manah sengsem sayekti sayo wuwuhing pangesti
Inggih saktinya Hyang Brahma 2x Sadarum tan kasamaran 2x
Inggih Dewi Saraswati Sumunar wahyuning Widhi
3. Darbe hambeg suci tuhu
Darbe hambeg suci tuhu
Deneng lambang trate jati
Dene banyak sung lampita
Den uninga bener sisip
Di Dewa hambeg angkara 2x
Demem titis ing pangesti
4. Yen rinaras lir swara rum
Yekti sungkem jroning ati
Yo gitar dadya pralambang
Gayah kidung ing hapsari
Yen loggya homa Wedha 2x
Yekti mranani ing kapti
PAGERWESI
1. Nuju hari Pagerwesi 5. tememen demen tinemu
Nyuwun pangwatan jiwa Tambah manembah Hyang Widhi
Ing raga muhung samanggon Tumungkul ngande ing Sukma
Gesang wonten maya pada Tan lirwa trisna sesami
Murih rahayu widodo Tumuju mring sastra Weda 2x
Duh Gusti kang Maha Agung tuhu kinasti Hyang Widhi
2. Hyang Brahma Maha Acipta
Yekti sumbere kang ana
Jagad raya sak isine
Amung Paduka kang bisa
Duh Gusti Kang Maha Esa
Mung Paduka Kang Maha Agung
Tan kena wujud ana
3. Tumitus sak jroning kalbu
Tumanduk lawan pakerti
Tewer tumindhak ing ygya
Tandang tatas lan titis
Tanda yen wus katarima 2x
Tinaping ngarsa hyang Widhi
4. Unggyaning titah sadarum
Udinen jiwa kang silali
Unduk narasa panembah
Undurna pakarti sisip
Ukuren pribadi nira 2x
Ulah hayu kang patitis
SESAJI UPACARA
1. Upacara Tingkepan : nasi golong, suruh ayu, gedang ayu, jajan pasar
2. Upacara Kelahiran : empon-empon untuk menanam ari-ari, lampu senter, tumpeng catur warna, daging ayam, bawang, jahe, saren, garam, suruh, bunga panca warna, lilin, dupa, kinang rokok.
3. Tetesan / Sunatan : sesaji kelahiran, jajan pasar, semua jenis makanan yang dimasak, empon-empon, bunga panca warna.
4. Upacara Wiwaha : sesaji kelahiran, jajan pasar, semua makanan yang dimasak, beras, bumbu, dapur, penyeneng.
5. Upacara Kematian :
Untuk bedah bumi : jajan pasar serba mentah, bubur warna 4, bunga wangi, dupa.
Untuk di rumah : canang burat wangi, beras warna 4, bubur warna 4, lilin, dupa, kinang udud.
Upacara kematian sampai seribu hari : apem, ketan, kolak, rujak degan, minuman the dan kopi, canang burat wangi, kinang udud, jajan pasar.
Mantra Pencaruan :
Om Pukulun Hyang Bathara Kali, Bathara Kala Sakti, sira Sang Kala Putih, Sang Kala Abang, Sang Kala Jenar, Sang Kala Ireng, Sang Kala Manca Warna, Sang Kala anggapatu, Sang Kala Karogan-rogan, Sang Kala sepetan, Sang Kala Gering, Sang Kala Pati sira sadenah Kala kinabehana, ojo sira anyengkala, anyangkali, manusa nira ngastiti, Dewa ring Kahyangan Sakti beh Ingsun sampun ngaturaken tadah saji reng padha Bathara Kala, punika ta bukti denira kabeh, pilih kabelanira Om Kala byo namah,
Om Ksama sampurna ya namah,
Om Am Sarwa kala ksamasvamam ya namah sawaha.
MANTRA – MANTRA :
1. Mantra mendengar orang meninggal :
Om Sunya hati sunya param nirbhawa ya namah.
2. Puja Tarpana :
- Bhuktyantu Pitaro Dewa, Bhuktyantu Pitaro Ganam, Bhuktyantu pitara sarwe Pitara sarwe Bhyo namah swaha. (3X)
- Treptyantu Pitaro Dewa, Treptyantu Pitaro Ganam, Treptyantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)
- Ksamantu Pitaro Dewa, Ksamantu Pitaro Ganam, Ksamantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)
3. Mantra menanam ari-ari :
Om Sang Hyang Ibu Perthiwi, rumogo bayu, rumogo amerta Sanjiwani amertaning kang tumuwuh pun …………………… mugo dhirga yuswa poma,poma, poma
4. Mantra Mohon Ketenangan Rumah Tangga :
Om wiso wiso wo atithaim
Wajayantah purupriyam
Agnim wo duryam wocah
Stuse susasya manmbhih
Mantra Purnama :
Om Candra mandala sampunam
Candra yante pranam yante
Candra dipa praman jyote
namas Candra namostute
Om Sidhi raga namostute
Dara Gapati padanam
Wiswat sapta karang wita
Namas Candra namostute
Om Kumuda pala hastara
Sarwati dipa manggalam
Barma darna sayam pasyam
Namas Candra namostute
Om Loka yante parkas ynte
Loka puja saman witam
Siwa loka Candra namostute
Namas Candra namostute
Om Asta desa kame nityam
Asta dipa wasi kretam
Asta kala ya sampurnam
Namas Candra namostute
Om Hrang hring sah Parama Siwa Candra amerta ya namah
Om Hung Candra Dewa Maha Gangga amerta ya namah swah
Om Shanti Shanti Shanti Om
Mp3nya ada ga mas, salam
BalasHapusrahayu dari alas purwo banyuwangi